Syi'ir Tondo-Tondo Kiamat – Zamane Wes Edan
![]() |
(Ilustrasi Zaman Edan, sumber: pulausumbawanews) |
Syi'ir Tondo-Tondo Kiamat – Zamane Wes Edan
Karya:
KH. Misbah Mustofa Bangilan Tuban
صَلِّ وَسَلِّمْ
دَائِمًا عَلَـى احْمَدَ #وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ
وَحَّدَ
Mawi berkah asma Alloh ingkang
Rohman, Ingkang Rohim welas murah
kanugrahan
Kulo ngaturake syi’ir tondo-tondo, Kiamate bumi ajur tanpo kondho
Sampun kathah ingkang wujud kanti nyoto, Songko iku ayo podho toto-toto
Andan-dani laku salah benerake, Lakunono printah Alloh cukupake
Opo bener seliramu podho iman, Bagus olo saking Alloh temenanan
Mergaweyo kanggu syukur lan
ibadah, Ojo ngongso luru duwit mundhak
salah
Kabeh rizki wus dicitak kang
kuwoso, Luwih kurang
sangking pestin ora biso
Mumpung durung kasep getun susah maneh, Bakal ono kedadian aneh-aneh
Kaprah gabus podo ngambang ing banyune, Watu item kelem iku sak mestine
Nanging bakal ono gabus podho
kelem, Watu item
dikon kelem ora gelem
Ono bebek podho nglangi ing banyune, Nanging ngorong arep pedhot goro-ane
Polah rakyat koyo gabah diinteri, Wadon campur gawe lanang tanpo ciri
Endhok cecek podo netes dadi
macan, Anak macan dadi ulo dho kluyuran
Alas padha ngarang-arang wongkang
adang, Kumandhange bumi iki podho ilang
Putro-putri podho wani ing wong
tuwo, Ora gubris
tutur bener dadi tuwo
Akeh ’alim podho dodol agamane, Akeh wongkang dodol ilmu sak
payune
Akeh gunung gingsir sangking
panggonane, Akeh
tanah ambles amblek ing bumine
Isi bumi podho metu dadi
nglonthong, Bakal
njeblos kono kene podho kobong
Wadon macak lanang nuli sebali-e, Adoh ibu bapak kulo imutake
Wiring ilang turut dalan koyo
kewan, Wong kang
ora melu edan dak keduman
Bejo beji bejane wongkang dha’ eling, Dha’ ibadah moco Qur’an kang
sumandhing
Luwih bejo wongkang kandel wedelane, Esok sore tansah eling
pungkasane
Wongkang nyekel laku bagus agamane, Podho karo nggegem mowo ing
tangane
esok mukmin sore kafir dadi kaprah, asal untung laku olo ora wegah
Ono ’alim dadi fasiq dha’ nggumuni, Wong ibadah bodoh ora
ngrumangsani
Sanak adoh wongkang liyo dadi parek, Sebab duwit gotong royong dadi mblerek
Wong khianat dipercoyo sebalike, Wongkang temen orang kanggo ing dewe-e
Bocah cilik munggah mimbar tanpo
saru, Podho nyuling qur’an ngangge
porakliru
Wus do haji ‘alim pisan
ngumpetake, Haqqe fakir miskin podho sak enake
Akeh udan salah mongso esok
tandur, Sore panen nanging wengi podho
kufur
Bakal ono luwe wedi podho
nggrangsang, Dodol anak mangan ulo ora adang
Bejo beji bejane wongkang dho
eling, Dho ibadah moco qur’an kang
sumandhing
Luwih Bejo wongkang kandel wedalane, Esok sore tansah eling
pungkasane
Bakal ono mongso niro kang setahun, Podho karo sa’ wulane ojo
gumun
Sa’ wulane podho karo sa’ minggune, Sa’ minggune podho karo
sedinane
Sedinane podho karo sa’ jam kenthung, Sa’ jam podho karo kawul kang
diobong
Yen wus ngono wektu kanggo sholat
niro, Ojo nganggo rino wengi kang wus
cidro
Yen jam rolas inggal zhuhur najan bengi, Yen jam papat ’ashar najan
esok tangi
Yen jam nenem mangrib najan iseh esok, Ugo isyak lakonono ojo ngantuk
Koyo ngono dawuh nabi kang pungkasan, Arep opo yen pengiran ngowah
zaman
Wong sholeh dho kapundut akeh lidhu, Ahli Qur’an podho fasiq akeh
padu
Esok loro awan mati mati ngaget, Tanpo loro ora wani dho cerewet
Ilmu Islam iki baka dipunduti, Kanthi mundut wongkang ‘alim ngati-ati
Pungkasane wongkang bodoh ita itu, Aweh fatwa tanpo wedi luwung watu
Bejo beji bejane wongkang dho
eling, Dho ibadah moco qur’an kang
sumandhing
Luwih Bejo wongkang kandel wedalane, Esok sore tansah eling
pungkasane
Bocah cilik dadi ratu lan wong
asor, Oleh pangkat wong kang mulyo
manggon ngisor
Pengimaman dipaesi koyon ganten, Akeh anak zino ngombe
omben-omben
Ing masjine podho banter suwarane, Kitab qur’an emperih ilang
kamulyane
Luru ilmu kanggo nggolek pangkat luhur, Ora kanggo noto awak biso
syukur
Wongkang gedhe ora welas ing wong cilik, Wongkang bodoh podho kanggo
ancik-ancik
Wong wadone wedi qiblate wong
lanang, Dawuh ‘alim
da’ diturut lan ditentang
Marang wongkang aris ora podho sungkan, Akeh wadon podho nyekel
kuwasa-an
Akeh sanak pedhot akeh wadon gabuk, Akeh rojo pati perang lan
pagebluk
Jalmo wadon tumpuk undhung tanpo aji, Wadon seket dirumati lanang
siji
Islam iki bakal ngempreih wong
monco, Arang kenal pituduhe najan konco
Duh Gusti kunajan ngaten naming
mawon, Turun kulo paringono iman mathon
Beja beji bejane wongkang dho
eling, Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing
Luwih becik wongkang kandel wedelane, Esok sore tansah eling
pungkasane
Ojo dumeh wus dho sugih haji pisan, Dunyo gampang sirno hinggo ora
mangan
Ojo dumeh wus dho ’alim lan dho pinter, Akeh bahe wongkang pinter dho
keblinger
Ojo dumeh ing dunyane wus dho pangkat, Alloh biso nggawe pangkat dadi
minggat
Oh, dulurlu ingkang jembel pagir ugo, Papan luhur isih mengo isih
lego
Lebonono ojo podho cilik ati, Ayo tho’at ong pengiran klawan
niti
Nggolek ilmu ojo ngawur yen ibadah, Marek ’alim kang dho ’amal,
ojo wegah
Ing ngersane Alloh ora pandhang bolo, Sing sapane ta-at ora bakal
malu
Bakal oleh pangkat luhur ra ngungkuli, Wongkang sogih ’alim pangkat
kang dho lali
Iku kabeh tondo cilik bumi rusak, Kabeh perlu ngilingake ibu
bapak
Yen mripate yen kupinge
mbukti-ake, Keno opo
ora podho nggate-ake
Bejo beji bejane wong dho eling, Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing
Luwih bejo wongkang kandel wedelane, Esok sore tansah eling
pungkasane
Penyunting: Muhammad Nur Salim
Posting Komentar untuk "Syi'ir Tondo-Tondo Kiamat – Zamane Wes Edan "